Selasa, 07 Januari 2014

Arti Aksara Jawa " Ha Na Ca Ra K a..."

Ho-no-co-ro-ko ateges ono utusan yoiku utusan urip, wujude napas sing kajibah manunggalake jiwo lan rogoning manungso. Maksute ono sing paring kapercayaan, ono sing dipercoyo, lan ono sing dipercoyo kanggo makaryo. Telung perkoro iku ananging Alloh, manungso lan jejibahane manungso (minongko titah).

Do-to-so-wo-lo ateges manungso sawise cinipto nganti tekan saate tinimbalan, ora biso nolak utowo endho opo dene semoyo. Manungso lan samubarange kudu ndherek sendiko dhawuh, nompo sarto nindakake kersane Alloh.

Po-dho-jo-yo-nyo ateges manunggale Dzat Kang Ngcet Lombok(Kholik) karo sing diparingi urip (makhluk). Karepe cocog nunggal batine sing bisa disawang ing sajrone solah bawane adhedhasar kaluhuran lan kautaman. Joyo iku menang, unggul sing sabener-benere, ora mung menang-menangan.

Mo-go-bo-tho-ngo ateges nompo sakabehing dhedhawuhan sarto larangane Alloh Kang Moho Kuwoso (takwa). Maksude, manungso kudu pasrah, sumarah marang garising diwajibke, senajanto manungso diparingi wenang kanggo ngiradati, budidoyo kanggo nanggulangi. Wusanane, kabeh mung ono panguwasane Alloh.
HA = Hana hurip wening suci
(Adanya hidup adalah kehendak yang Maha Suci)
NA = Nur candra,gaib candra,warsitaning candara
(harapan manusia hanya selalu ke sinar Ilahi)
CA = Cipta wening, cipta mandulu, cipta dadi
(satu arah dan tujuan pada Yang Maha Tunggal)
RA = Rasaingsun handulusih
(rasa cinta sejati muncul dari cinta kasih nurani)
KA = Karsaningsun memayuhayuning bawana
(hasrat diarahkan untuk kesejahteraan alam)
DA = Dumadining dzat kang tanpa winangenan
(menerima hidup apa adanya)
TA = Tatas, tutus, titis, titi lan wibawa
(mendasar ,totalitas, satu visi, ketelitian dalam memandang hidup)
SA = Sifat ingsun handulu sifatullah
(membentuk kasih sayang antar sesama, Hablum Minallah
and Hablum Minannas)
WA = Wujud hana tan kena kinira
(ilmu manusia hanya terbatas namun bisa juga tanpa batas ,
atas IJIN ALLAH)
LA = Lir handaya paseban jati
(mengalirkan hidup semata pada tuntunan Ilahi)
PA = Papan kang tanpa kiblat
(Hakekat Allah yang ada di segala arah)
DhA = Dhuwur wekasane endek wiwitane
(Untuk bisa di atas tentu dimulai dari dasar)
JA = Jumbuhing kawula lan Gusti
(selalu berusaha menyatu -memahami kehendakNya)
YA = Yakin marang samubarang tumindak kang dumadi
(yakin atas titah /kodrat Ilahi)
NYA = Nyata tanpa mata, ngerti tanpa diuruki
(memahami kodrat kehidupan)
MA = Madep mantep manembah mring Ilahi
(yakin – mantap dalam menyembah Ilahi)
GA = Guru sejati sing muruki
(belajar pada guru sejati)
BA = Bayu sejati kang andalani
(menyelaraskan diri pada gerak alam)
THA = Tukul saka niat
(sesuatu harus tumbuh dari niat)
NGA = Ngracut busananing manungso
(melepaskan egoisme pribadi-manusia)

1 komentar: